Selasa, 26 Februari 2013

Budaya Tedhak Siten ing Pekalongan Timur

Dening    : M Taufiq Kamil

Kelas : XII IPA 1

SMA N 2 PEKALONGAN


 


 

Abstrak


 

Tedhak siten iku salah siji kebudayaan masyarakat jawa kang mulai digerus zaman. Tedhak siten dewe soko tembung tedak sing artine napakake samparan utawi nglampah, lan siten soko tembung siti kang artine lemah. Dadi tedhak siten iku artine napakake pelampahan ing dunyo. Ritual tedhak siten nggmbarake kesiapane bocah kangge njalani urip sing apik lan sukses ing mbesok. Tedhak siten di adakake ing jawa, kelebu budaya jawa kang perlu dilestariake, diadakake kangge bocah umur 7 wulan. Urut-urutane tedak siten yoiku tedhak sego pitung werno, mudhun tango tebu, ceker-ceker. Kurungan, sebar udik-udik, siraman.


 

Kata kunci :

Budaya, Tedhak siten, Urut-urutane tedhak siten, makna tedhak siten.


 

Pendahuluan

Tedhak siten iku klebu budaya Jawa sing perlu dilestarikake, yen ora budaya tedhak siten iki bakalan punah. Amargaa ora ono sing nerusake maneh .


  1. Pengerteni budaya


     

    Budayo asale soko tembung sansekerta yoiku buddhayah kang diartikake hal sing kaitane karo budi lan akal menungso. Budoyo yoiku coro urip kang ngembang lan diduweni wong akeh sangking kelompok wong lan diwarisake sangking wong tuo ndo wong enom sing saklanjutipun. Budoyo kabentuk soko akehe unsure kang njrimet. Budoyo sifate kompleks, abstrak lan ombo. Akeh aspek budoyo kang melu nentokake perilaku kang komunikatif. Unsure-unsur sosial-budoyo niki nyebar lan ngliputi akehe kegiatan sosial.


     

  2. Pengerteni tedhak siten

    Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.

    Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).


     

  3. Urut-urutane tedhak siten


     

  • Tedhak sega pitung warna
  • Mudhun tangga tebu
  • Ceker-ceker
  • Kurungan
  • Sebar udik-udik
  • Siraman

        

  1. Keterangane urut-urutane tedhak siten
  • Tedhak sego pitung warna yoiku bocah cilik dituntun maju nglewati lan nglampahi bubur kang di gawe soko beras ketan lan ono pitung werno. Yaiku abang, kuning, ijo, biru, oren, putih, lan ungu kang artine bocah mau biso nglewati alangan ing uripe. Lan kanggo sakwise tuwo bocah mau ileng karo tanah laire.
  • Mudhun tango tebu arjuno yoiku bocah kang dituntun munggah medun soko tangga arjuno kang artine supoyo bocah mau duwe sikap koyo arjuno kang watake satrio lan tanggung jawab, senenge nglakokake kebajikan, nulungi wong, belo sing apik, lan berbakti kangge negoro. Ing adat jawa tebu iku singkatane soko antebing kalbu kang artine supoyo bocah mau jalanake uripe kang mantep lan tekad sing kuat.
  • Ceker-ceker yoiku kegitan sakwise mudhun soko tango tebu lan bocah mau dituntun nang pasir. Nang pasir niku bocah mau dolanan pasir nganggo sikile sing arti kiase kangge luru panganan. Maksude bocah mau sakwise dadi gedi biso nguripi awake dewe.
  • Kurungan: bocah mau dilebokake ing kurungan kang sampun dihiasi janur lan kertas warno-werno.ugo bocahe ora gelem melbu ing kurungan, ibuke ngonconi bocah mau. Ing dalem kurungan sampun wonten isine. Isine yoiku buku, handphone, pari lsp sampe bocah mau mundhut salah siji barang. Barang sing dipundhut bocah mau nglambangke mbesok sakwise wes gedi. Contone bocah mau mundhut buku kang artine bocah mau mbesoke dadi wong pinter.
  • Kurungan nglambangke dunia nyata, bocah mau melbu dunyo sing pak dilewati.
  • Sebar udik-udik yoiku duwit receh kang dicampur kembang-kembang utawi beras kuning disebarke lan para undangan munduti duwit mau sing disebar kang artine bocah mau sakwise gedi biso dadi wong kang dermawan, seneng nulungi wong liyo.
  • Siraman yoiku bocah kang wis nglakokake kegitan mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine bocah mau saged ngarumahake name keluargane. Sesampune siraman, bocah mau didandani ngagem klambi sing apik lan resik sing artine supoyo bocah mau duwe jalan urip sing apik lan gawe keluargane bangga
  1. makna tedhak siten

    kangge ndekatake bocah karo ibu pertiwine, tanah kelairane. Kangge njalani uip e sing apik lan bener ing dunyo iki, dadi ne urip nang dunyo niki rosone penak lan seneng. Niki artine bumi lan tanah kelairane sampung maringi hal sing nunjang urip e menungso.


     

    Simpulan

    Tedhak siten iku salah siji kebudayaan masyarakat jawa kang mulai digerus zaman. Tedhak siten dewe soko tembung tedak sing artine napakake samparan utawi nglampah, lan siten soko tembung siti kang artine lemah. Dadi tedhak siten iku artine napakake pelampahan ing dunyo. Ritual tedhak siten nggmbarake kesiapane bocah kangge njalani urip sing apik lan sukses ing mbesok. Tedhak siten di adakake ing jawa, kelebu budaya jawa kang perlu dilestariake, diadakake kangge bocah umur 7 wulan. Urut-urutane tedak siten yoiku tedhak sego pitung werno, mudhun tango tebu, ceker-ceker. Kurungan, sebar udik-udik, siraman.


     

    Daftar pustaka

    http://jv.wikipedia.org/wiki/tedhak_siten

    www.google.com

    www.wikipedia.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar