Selasa, 26 Februari 2013

Budaya, Busana lan Kawula Mudha

Dening : Mohammad Faqih

Kelas : XII Ipa 1

SMA Negeri 2 Pekalongan


 

Abstrak

Budaya lan busana iku klebu warisan bangsa ingkang kudu dilestarikake lan dikembangke supaya ora ilang saka kabudayaanne Indonesia.Bab iki penulis bakal ngaturaken.Budaya ,busana lan kawula mudha .    Budaya ,busana iku kudu dipahami marang kawula mudha, budaya para leluhur Para leluhur sing ngasta adeg jejeging nagara wawasan, visi, lan misine ora beda. Saiki bangsane dhewe ora bersatu, malah padha padu, akibate alam/lingkungan dirusak. Budayane dhewe dilirwakake. Dadine akeh bangsa liya ingkang arep ngrebut budaya lan busana bangsa kita.


 

Kata Kunci     

Budaya lan busana


 

Pendahuluan         

    Kanthi budi lan dayane uriping manungsa ngasilaken budaya. Budaya kuwi anyakup babagan filsafat,kapitayan,kawruh,teknologi serta seni.Wondene seni anyrambahi amengkoni ranah basa sastra, ulah kridhaning angga, seni swara, dalasan seni rupa. Seni rupa makarti lan makarya mungguhing wewangunan kang kasat mata, kalebu bab busana. Tumrap para kawula mudha wis dicepaki gegadhangan gegayuhan dadia kusumaning bangsa, kang sabanjur dadi who pahalaning bebrayan agung sesame.

    Ing bebrayan kerep keprungu saha tinulis unen-unen kasebut iki. Ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.Katerangane mangkene. Tetembungan, ukara, lan basa kang kawetu ing lesan lumantar lathi nemtokake drajade wong sing guneman kuwi kepriye. Sing guneman kuwi klebu golonganing wong utama,mung madya wae, apa malah dadi warganing wong nistha. Mangkono kuwi ngemot wewarah wong guneman kuwi prayogane ngarah-arah. Sapa/apa kang digunem. Uga ing ngendi papane. Kapan wektune.Saha kepriye kahanane.

    Guneman nganggo konsep kang bener, nyata, nalar, becik tur migunan. Tembung , ukara,dalah basa katata runtut,ora worsuh salang tunjang angel dingreteni dhodhok selehe,ora gampang dietutake lan dicekel buntute dening sing padha ngrungokake.Ora lali intisarine.Ora kurang ora luwih .ora cupet ngapret methethe,ora kalorehan ngandhar-an –dhar amburdhul modhal-madhul berkobal kabur.ucapan,kedaling piranti lesan (articulator),iramane jumbuh karo tata-batine.Solah bawa pratingkahe sarwa luwes ngresepake.Bab gunem utawa wicara ana wewarah kasebut iki.Ayo padha direngeng-direngengake.


 


 


 

Budaya, Busana lan Kawula Mudha

Budaya

    Para leluhur sing ngasta adeg jejeging nagara wawasan, visi, lan misine ora beda. Nasionalisme tuwuh lan ngrembaka saka budaya. Nasionalisme kuwi semangat persatuan, bhineka tunggal ika. Cocog karo pengamatane pakar manca. Nasionalisme kuwi kasetyan total marang bangsa lan nusa. Tresna marang bangsa lan nusa kuwi konsep persatuan, sedya nyawiji. Saiki bangsane dhewe ora bersatu, malah padha padu, sulaya, konflik antarpribadi, konflik antarsuku, lan koflik antar agama. Tresna marang bangsa dadi cidra duraka marang bangsa. Tresna marang nusa, tanah air, ibu pertiwi diblenjani. Ibu pertiwi sedhih nangis kelara-lara dene alase diobong, ditegori, dibongkar. Tambang didhudhuk dikeruk. Alam/lingkungan dirusak. Budayane dhewe dilirwakake.

    Biyen merdika supaya ora dijajah.Saiki ekonomi, keamanan, budaya saben dina dijajah lumantar medhiya cithak lan elektronika. Ora kabeh kang lawas iku ala. Ora kabeh kang anyar iku becik. Budayane sapa wae, manca lan dhewe,sing pancen becik.


 

Busana

    Tembung asli Sansekerta kuwi tegese kang dienggo,kang disandhang.Mula lumrah diarani pangganggo uga sandhangan.tembunge camboran saroja muni sandhang pangganggo.Iki klebu seni rupa Seni kuwi babaran lan wujuding kaendahan.kaendahan kuwi tempuk dumadining samubarang kang wutuh,gamblang,lan imbang (Slamet Muljana).Busana minangka ekspresi,asesori,prabot pirantining manungsa kanggo technical apprearance .Kamangka ing sakawit (uga nganti seprene)busana iku piranti kanggo ngayomi lan kanggo njaga kasarasaning badan Mula ukurane direkadaya diimbangake karo dedeg piadeg gedhe cilice awak(XL,L,M,S,X5),dipetha manut wangun prejenganing badan. Sabanjure mbabar potongan apadene modhe manekawarna. Warnane bisa serasi karo pakulitane sing nganggo. Ana kang nyolok, adhem surem, mawa nuwangsa sarta selerane sing nganggo dhewe-dhewe. Bahane bisa ngawe kepenaking awak, gawe tentrem ayem saranduning kulit lan perangan-peranganing sarira. Gampang ngisep kringet, gampang garing, ora ngembeng kumembeng. Gerji ( penjahit, tailor) nalika nggarap busanane langganane ora mung motong, nata, nggathuk- ngganthukake, kepara uga ngangen- angen mbayanganke bleger, dedeg piadeg, sarta posturing sing nganggo mangkone. Bisa trep karo sarira apadene pribadine sing nganggo.

    Kang cinatur katur ing nduwur mangkono kuwi mungguhing kahanan kang salugune samesthine saprayogane. Jalaran akeh wae wong sing guneme manis wasis isis, alus pidha bludru lunyu kadya welut, busanane apik rapi sarwa pantes, jebul, jebol, mung rewa-rewa, dadine apus karma, sarwa cidra, sarwa culika.

    Tumprap para kawula mudha prayogi kaudi ajining dhiri saka lathi, kalayan basa kang titi pasthi tur migunani mring sesami. Ajining sarira saka kanthi, ukuran, potongan, warna kang tumata, gawe ayem tentreming priyangga, maweh reseping sesame.


 

Kawula Mudha

    Ngrembug theg kliwer kawula mudha kanthi adil uga ngrembug gegadhangane para wredha para leluhur, kreyasi dalah gegayuhane para kawula mudha dhewe-dhewe, apadene tumuse generasi teturun lan bebacutane. Mangkono uga kulawargane, bebrayane, bangsane, apadene sesame. Ora kena ora, ora diselaki, uripe para kawula mudha ing jaman saiki ana ing fenomena, proses, malah wis nyemplung ing alam globalisasi. Kareh lumaku tumuju dadi warganing donya. Donya kang wates-watese wewengko, lokal, nasiyonal, regiyonal, sarta global sangsaya hablur ora katon cetha. Peristiwa Likitan-Ambalat, antar anggota ASEAN, sesambungane karo Australiya, Singapura, Malaysiya lan liya-liyane. Asimilasi identitas sangsaya raket caket leket ncerep rumesep ing jiwa ragane para kawula mudha. Ras,etnik,ora gampang titane-titaneane .Iki menadho Filipino,Koreya,Jepang,apa sundha?

Kuwi Maluku,Afrika,Arab,Papuwa,apa turki? Kae italia jerman,landa,prancis,apa rusia?

Caba, bathik kuwi idhentitas sapa? lha wong kang kasebut kabeh kuwi saiki wis padha nganggo bathik mula kudu awas lan eling globalisasi kuwi gaweyane kreyasine para indhividhuwalis liberalis lan kapitalis para kawula mudha prelu nyinau indhividhuwalisme liberalisme,lan kapitalisme, disaring, dijupuk manfaate kanggo ngipuk-ipuk jatidhiri pribadi lan bangsane. Globalisasi ora kena nyirnakake jatidhiri pribadi lan bangsane. Eling pratelane spesiyalis futuris, Alvin Toffler, " Pribadi/ bangsa sing ora duwe jatidhiri kelindhes pepes ambles ludhes dening rodhaning globalisasi". Lha jatidhiri pribadi/bangsane awake dhewe kuwi apa la nana ing ngendi bae. Awake dhewe iki bisa lan kena sinau/nyinau ilmu lan teknologi supracanggih suprahebat, nanging tanpa jatidhiri ibarat gedhong magrong-magrong moblong-moblong nanging fondhasine ringkih. Jatidhirine awake dhewe kuwi ora liya hiya budayane.


 


 


 

Tujuan

  1. Kanggo ngelestarikake ajaran-ajaran budaya lan busana marang kawula mudha.
  2. Supaya kawula mudha sedaya ngartos budaya-budaya ing bangsa Indonesia.


     

Simpulan

    Budaya lan busana iku kudu dilestarikake lan dikembangke marang kawula mudha supaya ora diklaim soko negara liya.Kita aelaku pemudaha-pemudhi kudu iso ngelestarikake budaya lan busana bangsane dhewe .

    

Daftar Pustaka

    Panjebar Semangat Halaman 35, Nomor 32, 6 Agustus 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar